Kiye guyon basa Banyumasan, atawa guyon ngapak. Nengan ora asli sih, tapi sumbere sekang terjemahan Bahasa Indonesia, guyon sing semebar ning grup-grup whatsap (WA), BB, lan facebook. Kanggo sedulur sing durung maca, kena nggo hiburan kiye… 🙂 mesem-mesem karo medang kopi atawa teh, lawuhe mendoan anget ….
Pak Dokter, tulung dislametna anake inyong! || Tenang ndisit ibune! Anake rika kenang apa? || Anake inyong ngesuk ulang tahun Pak Dokter! Nyumbang slametan ya Pak Dokter…
Rapi banget koe Dul, arep lunga ngendi? ||
Nonton kenthongan mboke! ||
Neng endi? ||
Neng Youtube ||
Oh, sing ati-ati ya Dul || Iya mboke
Kang, baksone siji kang ||
Mangga ||
Sambele diakehi sethithik ya ||
Karepmu kepriwe sih, akeh apa sethithik? Sing jelas ya gole ngomong ||
Kang, nasi gorenge siji ya ||
Pedes apa ora? ||
Inyong ora ngerti, segane be durung digoreng, kepriwe gole arep nyicipi?
Kang bubur semangkok ya ||
Nganggo kacang? ||
ya nagnggo .. ||
Dinei ayam ora? ||
lha angger dinei ayam, inyonge mangan apa?
Inyong arep ngelamar kerja, kiye poto copy ijazahe inyong ||
Lho kok poto copy?!? aslinya endi …??? ||
Asli Ajibarang Banyumas!!
Kang pangapurane, kiye ruangan nganggo AC, dadi ora olih udud ||
Oh ya pangapura uga ya pak, klalen mateni AC-ne…!!! (njukut remote)
Kang, kok mie ayame ora ana ayame?! ||
Lha, kowe angger tuku lem tikus ana tikuse ora?! ||
Gerrrrrrr
Yu, njaluk es teh ||
Legi ora? ||
Ora usah legi-legi, sing penting setia tur nrima inyong apa ananne … || *eaaaaaaa
nDul, kowe sekolah neng endi? kok klambine kotak-kotak ireng putih kaya kuwe? ||
Sekolah TK ||
TK endi? ||
TK teki silang
Tukang bakso, gerobake rusak ya? ||
Ora koh … ||
Lha … Kok didorong??
wkwkwkwkwkk … 🙂
Leave a Reply