Cablaka tengere wong Banyumas

banyumas kesenianBanyumasNews.Com – Bener sing deomongna neng Thomas Friedman neng bukune The World is Flat. Ujare Thomas dunya siki wis dadi siji. Ora nana watese maning. Kemajuan teknologi utamane teknologi informasi dadi dalan kebukake hubungan kelompok bangsa siji lan bangsa liyane. Merga teknologi informasi, sing maune adoh katon parek. Sing maune suwe bisa dadi cepet. Teknologi informasi nyingget wektu lan biaya. Kiye sing dearani globalisasi. Merga globalisasi akeh ciri-wanci kelompok lan adat padha ilang deganti karo ciriwanci lan nilai global. Ilange ciriwanci lan adat lokal uga dadi jalaran ilange watek utawa karakter lokal.

Jaman gemiyen kewentar istilah bujuk Mataram nggo nengeri karakter utawa wateke masrakat Jawa Mataram. Neng Solo ana istilah umuk Solo. Masrakat sing ana neng pesisir lor utamane Semarang kewentar karo istilah gertak Semarangan. Istilah sing temempel neng masrakat ora mung mligi dadi tenger, ming nggambarna werna-wernane watek lan budaya masrakat sing ana.

Buku Primbon Sabda Amerta sing detulis neng Tanoyo nyebutna lamona saben dhaerah duwe parlambang dhewek-dhewek. Banyumas duwe parlambang “Bayem gatel tuwuh ing tegalan”. Parlambang “Kebo gupak ing talunan” degunakna nggo masrakat Purwakerta. Warga Purbalingga dearani “Pandhan rangkep aneng jero pasebana”. Masrakat Cilacap dearani “Wedhung sumlandhang”, lan nggo masrakat Banjarnegara , “Landhak mati neng elenge”.

Seliayane kuwe, neng masrakat eks Karesidenan Banyumas uga ana istilah cablaka. Masrakat banyumasan sing ana neng Kabupaten Banyumas, Purbalingga, Cilacap lan Banjarnegara ketelah duwe watek apa anane, selugune. Neng Banyumas ora nana Istilah sapa sira sapa ingsun sing mbedakna antarane wong gedhe karo wong cilik. Anane tembung wonge dhewek padha-padha,mbuktekna wong Banyumas ora seneng mbedak-mbedakna maring wong liya.

Wong Banyumas kuwe cablaka.. ora nganggo topeng (ilustrasi; @puadhasan)
Wong Banyumas kuwe cablaka.. ora nganggo topeng (ilustrasi; @puadhasan)

Cablaka utawa cahblaka asale sekang tembung bocah lan blaka. Miturut Kamus Jawa Kuna Indonesia karangane L. Mardiwarsito [1979], tembung blaka asale sekang balaka (walaka, Sansekerta) sing artine terus terang, sejujur-jujurnya, lurus, tanpa tedeng aling-aling. Dadi sing demaksud watek cablaka kuwe wateke bocah sing jujur apa anane, ora degawe-gawe.

Ana sing ngomongna lamona watek cablakane wong Banyumas merga Adoh ratu perek watu. Ratu dadi simbul budaya kraton (priyayi) lan watu dadi simbul budayane wong gunung, ndesa sing adoh sekang kraton.
Cablakane wong Banyumas uga dewujudna neng basa Banyumasan sing ora nganggo basa krama inggil. Neng basa banyumasan anane ngoko lan krama lugu. Sebutan sing biasa deenggo Inyong,ko,kono,rika dadi bukti lamona neng basa Banyumasan ora ana tingkatan basa. Sebutan panjenengan sing deenggo maring wong sing lewih duwur utawane lewih tuwa jane merga pengaruh budaya priyayi.

Tari Lendang ... terus terang atawa cablaka (ilustrasi)
Tari Lendang … terus terang atawa cablaka (ilustrasi)

Cablakane wong Banyumas sering marekna wong liya Banyumas padha salah pengerten. Merga watek cablakane, wong Banyumas sering dearani ora duwe unggah-ungguh lan kasar. Goli ngomong sing apa anane neng wong sing ora ngreti bisa dadi nglarani ati. Akeh wong banyumas sing seneng penjorangan, glewehan lan semblothongan uga brecuh omonge ning tujuane udu nggo nglarani ati. Goli seneng nggleweh, penjorangan merga wis deanggep wonge dhewek.Tujuane nggleweh nggo ngraketna kon supayane dadi lewih guyub goli batiran.

Cablaka uga bisa dearteni wicara sing blaka,wani ngomong apa anane. Wani ngakoni salah angger tindakane pancen salah. Senajana goli ngomong pedinane nganggo basa banyumasan angger nek esih seneng goroh, ora blaka ya ora bisa dearani duwe watek cablaka. Mestine dhewek goli padha cablaka ora mung neng omonge. Angger omongane wis cablaka ati lan tindakane uga kudune nyewiji melu cablaka.

Watek cablaka bisa dadi pawitan nggo ndandadi kahanan sing siki lagi ora apik. Para abdi negara sing tugase nglayani kepentingane masrakat prelu mahami semangate watek cablaka. Watek cablaka tumrap wong sing lagi dadi pemimpin rupane gelem ngregani maring sing depimpin. Angger ana prekara sing kudune masrakat ngreti ya aja detutup-tutupi. Angger ana pemimpin sing temindake ora pas njuran ana masrakat sing ngritik, kudune pemimpin sing cablaka gelem nampa kritikane masrakat. Pemimpin sing cablaka uga kudu nglakoni apa sing tau dejanjekna maring masrakat. Nek nyatane urung bisa mujudna uga kudu wani ngomong apa anane. (BNC/sumber: Majalah Banyumasan Ancas)

Be the first to comment

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan.


*


This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.