Kabar Banyumas » BLOG BANYUMASAN

Biolane Kang Herman Rusak (2)
Ngedebuse Kang Gonang:

JAN kaya ora ngrungokna tangisane Kang Herman, Pak Satpol langsung nggeprakna biola maring tembok. Prakkkkk…..praaang, biolane remuk dadi lima, senare pedot kabeh. Wong sing neng ruangan Satpol PP pada meneng kabeh.

Kang Herman nangis ngguguk karo nuturi remukane biola. Jan remuk temenan. Iloken bisa didandani apa ora yah?

Matane Pak Satpol esih mecicil. Kang Herman ora wani madepi. Tangne terus nuturi pecahan biola. Gagange tugel dadi loro. Bokonge biola pecah, teripleke remuk, senare pada pedot.

” Mulane aja bandel, kueh rasakna, jajal arep nggolet duit karo apa maning. Mulane aja gemagus nglawan aparat….dasar wong ora mangan gendeng sekolahan ya kaya kue..” Pak Satpol oleh ngomong karo muncrat muncar idoeh.

“Terus niki pripun nasibe kulo pak,” Kang Herman ngedumel tapi raine ora wani ngadep.

” Lha ya urusane koe, ujare inyong embahmu apa. Nganah pada bubar, ngotori kantor kiye tok,” Pak Satpol karo nendangi bokonge gelandangan ,pemulung dan pengemis.

“Pak biasane kula nek ditangkep terus diwei rames. Kula dereng madang apak,” Yu Dakem, pemulung sing lagi mbopong bocah umur setahun mereki Pak Satpol.

” Kyeh panganen nganti entong ya kena,” Pak Satpol sing nganggo topi abang njejelna kertas ning cangkeme Yu Dakem. Yu Dakem kejengkang, anake ucul sekang gendongane. Anake tiba, nangis nggauk nggauk.

Kang Herman nggendong bocah cilik sing tiba nganti ndase mlenong kue. Untunge nangise ora sue, sebab Kang Herman terus ngeyun eyun karo ditembangi  bapak pucung.

Kang Herman karo gelandangan liane lunga sekang Kantor Satpol PP. Wetenge kemriyik kencoten. Arep ngamen wis ora due alate. Biolane babar blas ora bisa dienggo. Kang Herman mandeg ning arep warteg. Weruh wong pada mangan katon enak temen. Gulune clegak cleguk ora karuan.

” Jan wis ngadeg sejam ning kene ora ana wong nawani madang,” ujar ning atine Kang Herman. Malahan ana wong sing ujug ujug ngusir Kang Herman. ” Pak tolong jangan disini, bau,” bocah nom sing nganggo jaket ireng mbentak Kang Herman.

Kang Herman terus lunga nyusuri trotoar. Sandal jepite sing selenan kue sijine wis bolong . Mulane lagi ganu murug paku nganti getieh mancur mancur.

Kang Herman lagi mikir priwe carane supaya biolane bisa disambung disambung maning. Njagong neng arep toko musik, wetenge Kang Herman tambah kemriyik. Biasane lagu kroncong monine sekang biola kesayangane kue. Tapi siki malah krungne sekang weteng. Kang Herman meh semaput. Bumine krasa peteng…(ana sambungane)

Inyong wong Banyumas Koek
AKU asli wong Banyumas. Pripun kabare sedulur kabeh? Melalui blog ini ingin berbagai pengalaman yang aku yakin bermanfaat sekali. Aku penggemar seni tradisi dan suka main musik kentongan. Banyak yang mengatakan anak muda tidak suka seni tradisional. Buktinya saya adalah penggemar seni tradisi Banyumasan, seperti lengger dan ronggeng.

Ada yang mengatakan itu kuno. Itu salah besar. Justru mereka yang mau menghargai kesenian daerahnya adalah orang modern, berpikir cerdas dan punya rasa seni yang tinggi. Jadi marilah kita uri-uri seni Banyumasan.

Jangan lupa, bahasa ngapak-ngapak juga sangat mahal harganya. Bahasa khas itu memiliki keunikan dan sangat berharga di kalangn ahli bahasa. Suatu saat nanti bahasa Banyumasan akan jadi bahasa yang dikagumi dunia internasional. Percayalah.

Mboten maksude kula nggurui, tapi nggh nikulah kulo ngomong apa anane.

Aku orang desa, tahun kemarin lulus SMU dan Alhamdulillah kuliah di universitas swata di Jakarta yang biayanya sangat mahal, tapi aku dapat membiayai sendiri.

Semua itu karena aku selalu rajin mencari terobosan bisnis. Dan akhirnya aku temukan bisnis yang benar-benar tidak terduga. Karena itu aku ingin berbagi kepada wong banyumas dan semuanya saja. Yuk lestarikan seni banyumasan dan berbisnislah secara cerdas.

(dikirim dari http://bisniscaracerdas2.blogspot.com/

Biolane Kang Herman Rusak (1)
Ngedebuse Kang Gonang:

“PAK kulo manut ditangkep tapi tulung biolane nyong mbok rusak. Aduh aja dibalangna, tulung kiye anu biola siji sijineng ” Kang Herman ngendus ngendus sepatune pak Satpol PP bar digaruk petugas.

Kuwe sing paling tek emut emut kejadiane pas Kang Herman ditangkep Satpol PP. Agi di ewek ewek petugas Satpol sing cewek,klambine  Kang Herman neng bagian kelek nganti sewek.

Kang Herman nangis, senar biolane sing siji pedot. Neng pojok ruang kantor Satpo PP deweke nangis mbrebes mili. Ujarku nangis gara gara anake sing arep mlebu SMA wingi minggat sebabe ora bisa sekolah gara gara Kang Herman ora bisa mbayar uang pembangunan.

” Nyong kiye anu tukang ngamen, pengemis ning dalan, mana due duit nggo mbayar uang pembangunan sing ngasi mangatus sewu,” Kue kalaimate Kang Herman jamane pertama ketemu aku.

Wektu semono aku Alhamdulillah bisa mbantu 200 ewu. Duitku dewek sekang  honorku nulis puisi karo cerpen ditambah adol celana cutbrehku sing wisa lawas men.

Siki ketemu maning lagi nangis neng pojok kantor Satpol PP. Biolane dicekel kenceng banget. ” Herman..!!! bangun…!!” Kang Herman kaget. Awake njumbul njumbul kaget dibentak Pak Satpol.

” Sampean sudah berkali kali diperingatkan  jangan ngamen dipinggir jalan, masih saja bandel yah. Sini Biolane tek banting sisan,” Pak Satpol mendelik matane meh malik.

Kang Herman kepoyuh poyuh, banyune mili neng sela sela celanane. Kang Herman meluk biola kenceng banget. Awake trus dijorogna Pak Satpo liane. Senare pedot maning.

” Pak kulo dipenjara ya gelem, tapi tulung biolane aja digawa gawa. Tulung pak..tulung,” Kang Herman ngambungi tangane Pak Satpol. Kiye anu dalan pangane kula mung mungan.

Pak Satpol malah mendelik, biolene direbut paksa. Karo mbentak mbentak Kang Herman, biolane arep diantemna neng tembok….. (ana sambungane)

Dopokan Jajanan Banyumasan Kambi Kang Fajar Sopsan
fajar-sopsan

Oleh Hari Ngapak

Warga ngapak-ngapak akeh sing wis padha tepung karo Kang Fajar Praptono, salah sijine personel Grup “Sopsan Gitu Loh” (liyane Gope Sopsan karo Soto Sopsan), sing sedina-dinane mulang neng SDN 2 Pernasidi Cilongok, sing lewih kondhang karo paraban Fajar Sopsan.

Dheweke warga Praketa sing manggon neng Perumahan Tanjung Elok, kondhang makonang-konang neng tlatah ngapak-ngapak lantaran tembang-tembang guyonan Banyumasane sing debarungi kambi irama dhangdhut. Album VCD sing wis dibabarna: Narkoba (2004), Badha-Wawawa (2005) karo Koplak Bis Purwokerto (2007). Tembang-tembang sing kesohor kaya dene Wil Gentawil Gek, Nonton Lengger ksp (karo sepenunggale) Wonge pancen jan, mbanyumaaas buanget!

Dheweke bungah banget angger deaseng dopokan bab budhaya Banyumas. Merga inyong kerenteg banget kepingin dopokan bab kuliner khas Banyumas, dina Rebo tanggal 16 Desember 2009 ba’da maghrib, inyong merdhayoh meng umahe.

“Dhog, dhog, dhog…. Kula nuwun,” rikala kori umahe tek dhodhog-dhodhog, wong lanang gering aking sing kayonge kambi kluargane nembeke padha nyore manggakna inyong kon njagong.

“Keprimen kabare Kang, apik-apik baen mbok?” tangane inyong tek ulurna ngaseng salaman.

“Alhamdulillah, rika keprimen Kang Hari?” dheweke mbales uluran tangane inyong.

“Alhamdulillah, apik-apik baen. Kiye Kang, inyong kepingin dopokan bab kuliner khas Banyumas. Inyong ora garep ngaseng dopokan panganan sing egin kondhang kaya bangsane mendhoan, dhage karo lemed. Ningen panganan sing wis ora tau keprungu utawa meh ilang, angger tumandang keprungu, wis arang-arang degawe karo depangan ngewong.”

“Seh, inyong sih mayuh-mayuh baen,” Kang Fajar Sopsan gumregah pisan, “Gyeh… agi dhong gathot egin bujangan menek wit glugu. Tekan pucuk wit dheweke derubung semut, banjur gageyan medhun mak gesret, tiba kepengkok, menyat banjur mlaku cinggik… cinggik….. Biyunge sing weruh sekang njero ngumah atine trataban ngerti anake gole menek glugu mlorot. Karo kedhagar-dhagar dheweke mak regedeg mbukak kori slerekan. Banjur ngluruhi, penjorangan kowe yah! Bocah koh merekna gawe ati wong tua trataban. Uwis-uwis, golene penekan!”

“Lha, rika sih keprimen? Wong deaseng dopokan koh malah nglantur ndongeng si Gathot sing mlorot gole menek wit glugu. Kang…. Kang… rika sih keprimen?” inyong protes merga ora sranta kepingin gelisan miwiti dopokan bab panganan.

“Rika malah ngarani inyong nglantur?” Kang Sopsan balik protes, “Mbokan inyong wis miwiti crita bab panganan?”

Rumangsane inyong, siki Kang Sopsan dadi pikirane owah. Ningen ora let suwe bareng depikir-pikir, pancen Kang Sopsan wis nyebut aran panganan neng dongenge mau.

“Pangapurane, rika jebule pancen wis miwiti dopokan panganan,” inyong nembeke mudheng.

“Mulane, depikir ndhisit. Aja kesusu gole mecucu!” inyong dependeliki, “Gathot, bujangan, gesret, cinggik, regedeg, penjorangan kao uwis-uwis tuli arane panganan khas Banyumas?”

“Ha ha ha…,” inyong ngguyu lakak-lakak nganti tangga teparone kang Sopsan padha krungu, jebule aran panganan khas Banyumas pancen merguyokna pisan. Ari gathot karo gesret sih inyong mudheng. Ningen nek bangsane bujangan, regedeg, cinggik, penjorangan karo uwis-uwis inyong tah nembeke krungu. Sing nggumuna pisan, aran-aran panganan sing kaya kuwe mau bareng desambung-sambung teyeng dadi ukara!

“Kang, panganan-panganan kuwe sih kaya ngapa?” ora isin-isinan inyong takon, wong dhasare anu ora mudheng.

“Bujangan kuwe boled derawun. Regedeg kuwe ondhol-ondhol sing njerone ora nana juruhe degoreng terus desindiki. Cinggik kuwe parudan boled, terus tengahe desogi gula jawa terus detum “segi tiga,” banjur derawun. Penjorangan, kuwe kupat sing deglepungi banjur degoreng. Uwis-Uwis, kuwe tape deglepungi banjur degoreng,“ wangsulane Kang Sopsan.

“Banjur apa maning kuliner khas Banyumasan Kang?” neng ngarepe Kang Sopsan, inyong dadi sengsaya krasa goblog bab kuliner khas Banyumasan.

“Geh, wong Banyumas tuli wong sing paling ora memper merga wong sing kreatip pisan.”

“Lha kreatip keprimen sih Kang?” inyong dadi wadheh banget karo Kang Fajar Sopsan, lha dekon nyebutna kuliner khas liyane koh malah ngarani kreatip pisan.

“Lha ora nggragas keprimen? Wong Banyumas kuwe kanibal. Doyan mangan jenise menungsa sing jenenge gathot, menungsa lanang sing egin bujangan karo randha royal!”

“Ha ha ha…. “ inyong golene ngguyu cekakakan seru pisan, bodhoa ngger tangga-teparone padha gebrebegen.

“Geh, untune wong Banyumas kuwe kuwat-kuwat lho. Lha wong wortel, beton karo balok koh depangan? Iya, mbok?”

“Pancen Kang. Wortel tuli semen, beton kuwe wiji nangka, balok kuwe gorengan boled. Kuwe tembung-tembung sing ana uga neng babakan bahan kontruksi gedhong,” inyong nyekeli weteng sing kaya garep kram merga kepingkel-pingkel.

“Turan, wong Banyumas kuwe njijihi pisan. Lha wong tai kucing, bol …., upil …., unthuk cacing karo pipis koh ya depangan?”

“Ha ha ha……. Pancen, pancen Kang, ha ha ha….. Lha kuwe sih panganan apa Kang?”

“Tai kucing padha baen karo kuwe gabus, Bol …. kuwe kweku, Upil ….. kuwe kwaci. Pipis kuwe lemed.”

Kang Fajar Sopsan banjur ngemut-emut panganan liyane kaya dene gubed, panganan sing kaya ondhol-ondhol ningen njerone isi ampas tahu. Banjur dheweke nyebut aran panganan liyane sing medeni pisan, ya kuwe ndhog mbledheg, panganan kiye jebule kur modifikasine themlek. Wujude, bahane karo cara nggawene padha baen, ningen kur lewih gedhe sekang themlek. Kampelan, kupat karo dhage sing dekampelna, deglepungi banjur degoreng.

Egin umyek-umyeke dopokan, ijig-ijig ana dhayohe Kang Fajar Sopsan teka. Inyong sing wis merdhayoh kawit mau banjur pamitan bali, ben dhayohe sing nembeke teka teyeng gentian merdhayoh. Kang Fajar Sopsan janji karo inyong, garep ngemut-emut aran panganan khas Banyumasan maning sing janen egin ngadhug-adhug.

Kang Fajar Sopsan pancen teyeng dearani Budhayawan Banyumas. Merga lanyah pisan ngger deaseng dopokan ora kur bab kuliner khas Banyumas, uga bab kesenian onen-onen, gambar karo cathetan khas Banyumas.

Kang Sopsan medhun sekang panggung, nembeke baen nembang Wil Gentawil Gek. Dheweke detanggap neng wong mbarang nggawe sing uga tanggane inyong. Delepen, egin karep dopokan bab panganan khas Banyumas. Inyong sing lagi glidhig dadi decereki.

“Geh, Kang Hari.. kur neng Banyumas thok sing ana genoh arane Karangnanas, Karangbawang, Kedhondhong, Karangjambu, Karangaren karo Karangcengis. Manggua dadi siji, tuli teyeng demekarna dadi Kecamatan RUJAK.”

“Ya ngonoh rika baen sing dadi Camat RUJAK.”

Inyong sing lagi nggawa baki isi wedang kopi, nganggo kathok ireng, hem putih karo kuplukan dadi ngguyu nyekakak. Gelas sing neng ndhuwur baki dadi padha moni pating klunthing merga benthikan.

“Kur neng Banyumas thok, ana genoh sing arane Karangnangka, Pagedhangan, Dhukuhwaluh karo Sitapen. Manggua kembul dadi siji, toli teyeng dearani Kecamatan KOLEK.

“Ha ha ha ….. Ya rika ban sing dadi Camat KOLEK.”

“Kur neng Banyumas thok… Arep ‘juice’? Bera! Merga ana Karangduren, Karangjambu, Kalisalak, Sawoan (Sudimara) mbangkan… Pajerukan. Pokoke teyeng nggo Kesegeran (Cilongok)”

“Ha ha ha….Rika aya-aya wae gitu lhoh!”

“Garep cowel?” Ana Karangturi, Bayeman (Jatilawang) karo Karanggandhul. Arep lalab? Ana Karangjengkol, Cipete karo Peterongan (Panusupan). Mbangkan, ari rika nduwe penyakit, wis ana Pangebatan (Karanglewas) alternatif. Kurang apa jajal? Kur Banyumas thok … ana Karanganjing, Kedhungbantheng, Kali Pelus, Pritgantil, Cikidang, karo Cibangkong. Arep turon? Ana Kali Kesur. Ngangsu kawruh? Ana Kali Mengaji. Kur neng Banyumas thok, kurang apa jajal?”

Owalah, Kang Sopsan .. Kang Sopsan….

Praketa, 17 Desember 2009

(Tulisan ini ditayang ulang karena banyaknya permintaan pembaca. Sebelumnya dimuat dalam Catatan Facebook Hari Ngapak. Agar dapat diketahui ‘khalayak Banyumasan’ lebih luas kami muat ulang di sini. Dan pemuatan tulisan ini sudah ‘dipersilahkan’ oleh Kang Hari Ngapak di komentar Catatan Facebook-nya. — Redaksi)

Prenjake Moni Ngganter-Ngganter
Episode 003:

Esuk uput-uput, sedurunge srengenge mlethek saka wetan, Lurah Jayamenggala wis njagong kursi kayu ning ngarep serambi umah. Sinambi njagong dheweke ngadhep cubuk karo teko teh sing buket. Sekang njero teko lemah, Juminah bojone Lurahe nggawe teh buket sing dicorna maring cubuk sing rupane gelas lemah cilik ora beda gedhene karo sloki. Nyanding teh teko karo cubuk kuwe pancen klangenane Jayamenggala kawit dheweke esih enom. Kebiasaan medang teh buket saben esuk kuwe jerene warisan sekang Eyang Buyute sing jenenge Kartadi.

Kepal-kepul Jayamenggala udud karo rokok kretek nyambi ngadhep teko karo cubuk. Let pirang kepulan rokok, dheweke nyruput teh cubuk gawean bojone tercinta. Tapi senajan kepal-kepul, panyawange Jayamenggala malah mbuh ndeleng apa. Pendelengane ora fokus, ning sajeroning esuk uput-uput banyu bun karo pedhut esih keton putih lamat-lamat nutupi pemandhangane jagat. Wit-witan urung katon jelas ijone merga godhong-godhong esih ketutupan pedhut. Penyawange Jayamenggala selot suwe selot adoh, mertandhani deweke lagi mikir sing ora enteng.

Jebule kawit tangi turu nganti dheweke subuh karo bojone, Jayamenggala terus-terusan mikirna perkarane  si Menik. Senajan ketone cilik, nanging perkarane Menik pancen gawe puyeng dheweke. Perkarane Menik dadi ‘test cash’ utawa ujian langsung maring awake dhewek sing urung suwe dadi lurah ning Desa Bojongsari. Dadi dheweke kudu siap ngadhepi kabeh permasalahan utawa ontran-ontran sing ngenani desane. Sebagai lurah dheweke juga dadi bapak sekabehane warga desa, tuwa enom, lanang wadon, mlarat sugih.

“Perkarane si Menik kudu dirampungna dina kiye. Kanthi musyawarah karo rembug desa muga-muga ana solusi utawa pinemu kanggo masalah kiye” Jayamenggala ngomong ning jero Ati. Nyambi menyat nyawang wargane sing wis lagi balik becer sekang Pasar Ajibarang.

“Sugeng Enjang Pak Lurah” Nakum ngundang dheweke sinambi mesem liwat ngarep umahe. “Nembe bali pasar pa Kum” njawabe Jayamenggala sinambi madan kaget kambi ngedhuna tangane sing lagi udud rokok kretek 67 sing nomer 2.  “nggih Pak Lurah, Niki nembe wangsul kados biasanipun” semaure Nakum sinambi mlaku bali,  mangsule pitakonane Jayamenggala. Ora mung Nakum, Nakem, Tasilah, Yu War, Kasirin uga wong desa liyane esih pada gepyak takon maring dheweke. Pancen wong ndesa ning kene esih padha gelem ngajeni maring dheweke karo liyane. Tapi sayange wong ndesa sing tuwa-tuwa thok, wong enome senajan padha sekolahe wis dhuwur nganti tekan SMA, STM, malah padha kuliyah malah wis padha ora gebyak kaya wong tuwane. Mbuh apa sebabe bocah siki beda karo bocah ganu. Sing salah mbuh sapa? wong tuwane, gurune, apa sekolahe, apa jamane? Kabeh wis srawa ora genah. Tata krama unggah ungguh bocah nom siki wis arang dipatrapna maring wong tuwane. Kuwe pancen sing jenenge jaman akhir alias jaman ngedan ndean.

Selot suwe, pedhut sing nutupi jagat desa selot ilang, ketembus cahya srengenge sekang wetan. Swara manuk ngoceh ning sisih umah Jayamenggala uga wis mulai krungu. Ning sisih wetan pinggiran kalenan cilik, lima manuk sikatan padha jentrak-jentrik, jonta jonte pamer buntut sing dejenthar-jenthirna ning pang-pang wit salak. Sepisan-pisan manuk sikatan mau, mabur sleber udag-udagan karo manuk sikatan liyane kayane ora wedi nek awake padha ngenani ri salak sing lancip-lancip. Bar kuwe padha kawin ndean. Ora mung kuwe ning pang-pang wit kopi sing lagi kembang nduwur kalenan cilik mau, bajing lanang wadon pada cekakak-cekikik krungu swarane sinambi loncat-loncatan maring wit liyane. Nanging sing merekna Jayamenggala mengen, ora tahu-tahune ana manuk prenjak ning nduwur wit jengkol sisihe kulon umahe sing ngoceh ngganter-ngganter ora mandheg.

Sedhurunge Jayamenggala kocap ngomong, Juminah metu sekang jero umah mbukak lawang gebyog warisane Almarhum Ramane Jayamenggala Sanwirya. “Arep ana dhayoh ya Mas kayane. Deneng prenjak nganter-ngganter monine. Sapa ya iloken sing arep ngendhong maring ngeneh” Juminah nylemod ndisiti Jayamenggala sing lagi mikir pertandhane oni prenjak ning wayah esuk mau.

“Lah aja mikir sing ora-ora Jum. Sing penting padha mikir karo donga sing apik bae. Moga-moga onine prenjak dadi tanda ana dhayoh sing nggawa solusi perkara sing lagi dadi kembang lambe wong-wong ndesa ning kene” Jayamenggala langsung nyauri omongane bojone. Juminah sing kawit wengi mbatiri garwane, langsung mudheng apa sing dikarepna guru lakine mau. Ora njawab Juminah, mung bisa manthuk terus nyambi nyamber teko karo cubuk teh sing wis entong isine diinum dening Jayamenggala. Jebule nek gelem dietung, jublegan mikir Jayamenggala sing dhewekan kawit mau ning serambi umah wis nganti setengah jam lewih.

Urung suwe Jayamenggala dandan klamben ganti sandangan dinas ning jero senthong, sekang njaba umah krungu swara ana motor teka. Motor kuwe udu sepeda motor, nanging penyebute wong ndesa gemiyen maring mobil. Sebalike angger nyebut sepeda motor roda loro wong desane Jayamenggala malah nyebut honda. Padahal honda kuwe salah sijining mereka sepeda motor asal Jepang. Tapi nyatane, kuwe wis dianggep bener deng wong desane Jayamenggala. Salah kaprah, bener ora lumrah.  Mung generasi siki bae sing mulai mbenerna omongane bapa biyunge sing nyebut alat transportasi sing salah mau kuwe.

Krungu swara nder nder…Juminah langsung ngintip sekang korden sing nutupi kaca umah. Bener pancen bener pertandane swara prenjak mau, kaya kuwe pemikire Juminah karo Jayamenggala. Pancen ana dhayoh teka. Juminah langsung mlebu njero, nemoni sing lanange. “Sapa Jum, dhayoh sing nggawa motor kae. Wong pira, sliramu kenal apa ora karo priyayine” takone Jayamenggala maring Juminah ndredel kaya tembakane Kopral Jono. Tapi pancen ora ngerti tur ora kenal sapa dhayohe, Juminah mung bisane nggedhekna sirah sinambi nyawang sing lanange.

“Ora ngerti Mas. Tapi sing pasti kae dhayohe aku urung pernah kenal. Mbuh rika kenal pa urung” jawabe Juminah nyambi mbenerna kerah klambi dinese sing lanang sing esih nekuk ning mburi githok. Sedurunge nganggo sepatu kulit, Jayamenggala langsung metu disit. Tapi pancen lurah, senajan nganggo sandal bandol tapi seragame wis mertandani kuwe pamong desa. Apamaning neng arep umahe ana plang sing monine Kepala Desa Bojongsari. Merga ana plang mau, mulane motor sing nggawa dhayoh kuwe ora kesasar maring umah liyane.

Bareng wis metu umah, Jayamenggala weruh dhayohe padha mulai metu sekang motor. Jebule sekang motor kijang mau, dhayohe ana werna-werna. Ana wong wadon loro karo wong lanang loro. Sekang klambine wis mertandhani wong papat mau dudu wong sembarangan. Klambine padha rapi pisan. Ora ana klambi sing nglinting kaya dekene buruh tukang macul sing sering ngodhe ning sawahe. Saben dina mungkin klambine sing dinggo terus disetrika nganti alus, ora pating prithut.

“Assalamu’alaikum” salah sijining tamu utawa dhayoh uluk salam sedurunge munggah maring umahe Lurahe. Wong sing telu sing ning mburine terus nutut wong sing nganggo kemeja warna semu wungu mau. “Wangalaikum salam. Mangga mlebet mawon Pak” semaure Jayamenggala maring tamune mau sinambi ngiring tamu supaya padha lenggahan ning serambi umahe. Serambi umahe Jayamenggala pancen amba dadi manfangate juga dobel kena difungsikan go dadi balai tamu. Ning kono ana kursi kayu dawa loro sing dijenengi wong desa ‘risban’. Mbuh kepriwe kuwe sebabe kursi dawa kayu dijenengi ‘risban’. Butul seprene juga padha ora ngerti apa sebenere artine risban utawa bahasa sekang ndi asale tembung risban mau. Nanging wong papat mau langsung njagong ning risban mau ning serambine umahe Jayamenggala.

Wis padha lenggahan, wong papat mau banjur ‘to the point’ utawa langsung ngomongna apa hajate mertamu ngendhong gone Lurah Jayamenggala. “Niki nunsewu Pak Lurah. Sepindah kula serencang sekawan niki silaturahim. Nepangaken, kula Sobirin, teras niki estri kula Sri. Teras nika adik kula Sabarno kalih garwane Astuti. Kula sekawan niki saking kutha wetan. Tujuanipun teng mriki badhe nyuwun priksa menawi teng mriki tirose saweg wonten kedadosan ing mboten mrananing penggalihipun Pak Lurah utawa masyarakat umum. Niki nuwunsewu kula dados mireng mekaten” salah sijining tamu langsung ngomong nyambi ngenalna sedulur karo bojone sing digawa mau

Jebul jebulane, wong urip pancen akeh jebulane. Wong papat mau kuwe sebenere esih ana kaitan silsilah karo keturunane keluargane Bau Sadu sing dadi perangkat desa Bojongsari. Bau Sadu mau jebule duwe keponakan sekang bojone sing wis pada keluwargan ning kota. Terus sing dadi pertakonane, apa maksude wong papat mau sing jebule keponakane Bau Sadu ngendhong esuk-esuk maring gone dheweke. ‘Usut punya usut’ wong papat mau jebule wis ngerti permasalahane si Menik sing gawe geger maring wong sedesa kiye. “Nanging apa urusane wong papat mau teka maring gone aku.” pikirane Jayamenggala medhek-medhek apa hajat sing dadi kekarepan maring wong papat mau. Apamaning wis mulai nyebut-nyebut perkarane si Menik…

(BERSAMBUNG)

Dadi Lurah Pancen Ora Gampang
Beritane metenge Menik wis kabeh wong ngerti. Wong sing ada ning pojok kidul butul pojok lor kabeh padha wis ngerti kabeh. Saben-saben ana wong padha petan padha takon-takon karo medhek-medhek penasaran sapa jane sing metengi Menik. Tapi kabeh wong padha ora ngerti sapa sing pasti. Biyunge Menik bae ora ngerti apa maning wong liya. Tapi sing pasti diantara bocah lima termasuk Jano sing padha metengi Menik.

Metenge perawan desa kayak Menik pancen nembe bae kelakon ning desa Wadaskelir. Meteng sedurunge ngijab tumrape wong ndesa pancen ora pantes. Wong dukuh Kemukus pancen termasuk wong ‘abangan’ sing artine maring nglakoni sarekat agama urung jero nemen. Nek dietung karo kalkulator wong sing gelem sembahyang pancen esih sepethit. Lewih akeh wong sing gelem padha buru blacan, nggarangan karo celeng go dipangan keluarga. Sing ngingu asu juga esih akeh.

Pancen sing akeh sing abangan nanging angger masalah keguyuban, wong Wadhaskelir aja ditakoni. Ramah tamah, guyub rukun wis dadi wateke wong dukuh Kemukus. Apik maring tangga teparo kuwe lewih diutamakna. Ora mung kuwe thok, kelakuwan jinah kuwe banget disengiti banget dening wong Dukuh Kemukus.

Mulane anggaer masalah meteng sedurunge ngijab, pinemune wong Dukuh Kemukus pancen esih arang. Arang srendang malah. Mulane angger ana wong sing meteng sedurunge nikah mesthi bakale dadi kembang lambe terus mesthi olih piwales sekang pamong desa ning kono.. Termasuk kasus metenge si Menik.

Warta metenge si Menik wis krungu maring kupinge Lurahe. Lurahe olih lapuran sekang Pak Bau Sadu. Lurahe sing ning jero kantor banjur nyekel bathuk mertandhani mikir. Pitakonan sapa sing kudu tanggung jawab maring Menik uga ana ning pikirane Lurahe. Tumrap sebagai pemimpin wargane, wis tugas Lurah kudu golet pinemu sing bisa ngudhari kebundetan masalah mau. Tapi pancen, bundhetan sing dialami dening Menik pancen mbingungake.

“Nek wis lahir anake Menik si wis madan lumayan artine. Ana gambaran angger anake Menik kuwe mirip karo sapa. Lha angger persis bulud kaya Jano ya berarti anake Jano. Tapi ya ora mesthi juga ya” Lurahe takon maring awake dhewek, mikir dewek ning kantor desane.

Lurahe Jayamanggala pancen urung suwe dadi lurah. Awale Jayamanggala mikir angger dadi lurah kuwe mesthine kepenak. Sedurunge dadi lurah, Jayamenggala mikir kayane bangga, marem atine angger diundang Pak Lurah deng wong liya. Jayamenggala sering mbayangna angger dadi lurah mesthi duwite akeh, sebabe akeh bantuan mudhun sekang pemerintah ndhuwur maring ndesa. Jebule ora segampang sing dibayangna. Bantuan sekang ndhuwur siki pancen wis mulai kenceng pengawasane. Kepengin ngeleg duwit seperak rongperak utawa serini bae kudu gawe laporan pertanggung jawaban. Mergane sewektu-wektu ana anak buahe KPK (Komisi Pemberantasan Korupsi) teka maring desa. Urung maning, siki akeh wong dadi wartawan, wah bisa lewih rame maning desane.

Lagi mikir mbalekna utang sewektu nyalon lurah bae urung lunas.  Bengkoke lurahe sing separo malah esih manjleb go balekna utang sing akeh sewektu nyadhoni awake njago lurah.

Malah siki kondangan labuh akeh. Wirang angger dadi lurah ora sregep kondangan maring wargane. Wis sregep kondangan bae seneng dadi omongan. Dadi lurah kuwe kudu njagani wargane supaya bisa ndeleng tumindak awake apik terus. Kondangane lurah kuwe juga kudu beda karo pamong desa biasa. Angger lurah kondangane paling sethithik kudu Rp 20 ewu. Angger ora, mesthi bar si Dadap bubar kondangan mesthi ana krungu kabar sekang pojok kidul desa butul lor pojok desa. Omongan lurahe kondangan mung Rp 5 ewu. Jan mesthine kaya kuwe. Padahal nek dietung sekang pilihan lurah Jayamenggala nembe enem wulan dadi lurah.

“Jebul nembe enem wulan dadi lurah, siki malah ketemu karo masalah sing gawe puyeng. Masalah wadonan, masalah Menik sing dimetengi wong ora genah” pikirane Jayamenggala ngomong sewektu dheweke lagi njagong ning pendhopo umah blabag sing anyar. Untung si Juminah, bojone lurahe sering teka nglipur kesusahane lakine. Pancen begja si Jayamenggala, Juminah pancen rupane ayu, manut tur gelem susah bareng urip karo Jayamenggala.

“Pancen Mas, dadi lurah ora gampang” Juminah nylemod nyambi ngladheni segelas teh kroncong klangenane Jayamenggala. Pancen Juminah kaya wis langsung ngerti angger lurahe lagi mikir masalah metenge si Menik. Ngomonge si Juminah pancen nentremaken puyenge Lurahe. Apamaning angger Juminah ngguyu, wah Lurahe tambah adhem. Lesung pipine Juminah pancen bisa madhangna peteng pikiran lurahe. Omongane Juminah sing mung lulusan MTs jebule sering ngudhari bundhet masalahe bojone. Mung siji thok sing siki urung bisa dilakoni Juminah, Melu aweh duwit go nyaur njago lurahe Jaya Menggala. Tapi pancen nyaur utang kuwe kewajibane dhewek Jayamenggala sing jago lurah ganu.

“Jum, angger kabeh wong wadon kaya ko tah. Kayane dunya ora mumeti ya Jum?”lurahe langsung ngomong maring Juminah sing nembe bae ngladheni teh kroncong. Juminah sing mbatiri njagong ning jejere lurahe mung mesem karo takon.

“Kepriwe sih Mas” Juminah takon penasaran maring sing lanang. Watake wong wadon pancen terus penasaran maring wong lanang sing dhemen gawe teka-teki.

“Tapi angger akeh bocah kaya Menik ya mbingungake. Untung aku duwe ko. Sewu Menik kalah deng siji Juminah” omongae lurahe selot nambahi gawe penasaran Juminah. Akhire lurahe nyritakna perkarane si Menik sing urung jelas meteng deng sapa maring bojone.

“Jum, kira-kira jabang bayi sing ana neng wetenge Menik kuwe anake sapa ya Jum. Mbok ko tah wong wadon lewih awas ndelengna wong wadon. Jerene wong wadon kan naluri karo perasaane lewih landep daripada wong lanang. Mbok ko duwe pinemu sing apik aku diwei ngerti” lurahe nambahi takon maring Juminah bojone. Juminah sing dadi bojone, domongi lurahe kaya kuwe tambah mongkog atine. Awake ngrasa kanggogawe dadi bojo lurah Jayamenggala. Pancen dadi bojo lurah kudu bisa tukar pikir, tukar pikiran syukur tukang kawruh. Awake ngrasa yen sekolahe karo mondhoke nggone Kyai Lebe kanggo gawe. Dheweke sadar karo eling, pancen dadi bojo lurah kuwe udu mung ayu thok. Ayu thok pancen ora cukup.

Sedurung Juminah ngomong mangsuli pitakonane Jayamenggala sapa bapane jabang bayi ng wetengane Si Menik, krungu suwara adzan ning tajuge Kaki Reksa. Suwara adzane pancen jelas krungu. Suarane jelas suwarane kaki-kaki. Lagune ngreal-greol, tur nafase ya cendhek-cendhek karo pedhot. Sing sering krungu adzan ya mung Kaki Reksa sing umahe ning arep Tajug kae. Padahal ning kono akeh bocah nom.  Nanging wis suwe ora krungu bocah enom padha gelem adzan ning Tajuge Kaki Reksa.

Padahal jaman ganu cilike Jayamenggala padha rebutan adzan karo bathire. Jayamenggala sering rebutan adzan Sanpura wektu cilik. Tapi siki ora ana bocah rebutan adzan. Anane siki bocah padha rebutan wadhonan. Mulane ora gumun ana kasus kaya sing dilakoni si Menik. Pikirane Jayamenggala kebek jipek, ngundhung-ngundhung.

“Mas, sembahyang disit yuh. Wis wektune asyar kiyeh” Juminah mbuyarna lamunane Jayamenggala.

“Iya Jum. Jum, siki jaman wis pancen edan ya Jum” Jaya menggala menyat sekang jagongan nyambi nggandheng Juminah sing ngguyu mesem ngerteni bojone sing dadi lurah mikirna perkarane si Menik.

“Mulane kudu padha Eling Mas, Kon padha eling ayuh sembahyang dhisit. Nyembah maring Hyang akarya Jagat supaya padha eling. Perkara Menik meshtine mengko toli ketemu dalan metune” sepisan maning omongane Juminah gawe bombong Jayamenggala.

“Untung aku duwe bojo kaya ko ya Jum. Ngger aku duwe bojo kaya Menik. Jan kaya ngapa mumete. Juminah pancen ora ayu thok, tapi pinther mbombongna karo madhangna pikirku” sepisan maning Jayamenggala ngrayu Juminah.

“Wis lah, olih nggombal. Gari wudhu koh ayuh maring mburi. Aja ngasi gepokan maning mengko batal ora sembahyang-sembahyang malah” Juminah ndhorong Jayamenggala sing arep kepengin nggandheng terus tangane Juminah sing alus.

Seuwise adzan, krungu maning suwara serake Kaki Reksa lagi puji-pujian Ayun-Ayun Badan. Ora rampung-rampung. Wis dadi kebiasaan angger puji-pujiane Kaki Reksa kuwe dawa tur suwe. Tapi jebule dawane puji-pujian ora njamin wong sing padha ditunggu sembahyang jamangah bareng akeh sing teka.

Pancen jaman edan!

Sewise sembahyang Jayamenggala olih wangsit sekang Gusti Alloh. Sebagai Lurah, dheweke akhire duwe rencana arep musyawarah karo pamong desa liyane. Musyawarah go ngrembug solusi masalahe sing dialami Menik. Aja ngasi kedadian sing dialami Menik kedadian maning.

BERIKUT EPISODE 01/ SEBELUMNYA:

Jaman Edan

Episode 001: Sapa Sing Metengi Menik?

Suara orong-orong, gasir, jangkrik campur dadi siji ning wengi kiye. aku lagi dewekan ng ngarep Laptop, komputer gepeng sing gemiyen mung bisa teksawang sekang tivine tanggane. Suasana desaku kawit ganu tetep padha. Sepi. Neng ngarep umahku pancen ana esih ana gombol pringe. Tapi siki kari pring wulung. padhahal ganu ana pring petung karo pring tali. angger mangsan baratan utawa grubugan ngarepku rame. Wit pring padha greksekan. Moni tulat tulit. Bar kuwe wong sing padha liwat ngarep umahku padha kedhik kegatelen kenang lugut.

“Lugut-lugut dadi rambut” yah kaya kuwe moni mantrane supaya tangan sing gatel ora gatel deng lugut. Tangane nuli diusapna maring sirah sing ana rambute.     Ana maning ning wengi kiye ana suwara manuk buwek.Kuk Kuk kuk. Monine kaya kuwe. Jerene angger ana manuk buwek moni, kuwe tandhane lagi madani wong lagi meteng. Padhahal angger dideleng-deleng ng grumbule inyong wong wadone wis padha tuwa-tuwa. Dadi katone ora mohal retung angger ana wong tuwa meteng maning.

Banjur inyong dadi duwe penemu sing aneh. Apa mungkin sing bocah perawan kae lagi meteng ya?Tapi kan esih perawan. Ora mungkin? Berarti tiru karo Siti Maryam, Biyunge Nabi Isa mungkin yah. Tapi angger Siti Maryam kuwe kan rajin maring tajug. Tapi bocah perawan kae malah ora tahu ngambah tajug. Apa maning ngambah, ngambung banone tajug bae embuh?Wah apa ya ndean angger wong ndesa, bocah ndesa ya padha melu ngedan kaya sing padha katon ning tivi kae ya?

Lah aku ora ngerti bab sing kaya kuwe. Ning wengi kye aku malah krungu maning wong lagi tandakan slawatan nganggo terbang karo calung. Terbang karo calung kuwe sing nabuhi ana Kaki Muklas, Kaki Tir, Kaki Tarsam, Kaki Maun lan sapunanggalane. Terbang kuwe rupane kaya genjring tapi lewih gedhe tapi angger calung kuwe jerene singkatan sekang carangan pring wulung. Pring sing ana ning ngarep umah rama biyungku kawit ganu.

“Wong tandhakane deneng selot suwe selot rosa ya Ram?” Bapane inyong nylemod sekang senthong. Bapane inyong pancen wong wis kesel tur madan ngedhapan angger kon ndeleng terbangan calung sing digabung kae. Tapi jere ganu malah pernah dadi niyaga wektu esih ana dalang sekang kene. Dalange Pak Irsan. Tapi kuwe ganu. Ganu banget tahun 70 an jerene. Inyong sing dadi anake ya urung-urunga lahir. Padha gendhakan bae bapa biyungku ya urung.    Manuk buwek sing moni ning perek dhuwur umahku esih moni bae. Dadi manuk pegaweane pancen mung ngoceh thok. Pancen manuk buwek kae ya olih ngoceh ora mandheg-mandheg. Wong janetah ya padha ruwing ngrungu suwarane tapi anehe ya dijorna bae. Dasare ya lagi padha rungsing sebabe kakehen wong mbarang gawe ning wulan akhir tembe utawa robi’ul akir kiye. Akeh wong padha kawinan, bocah nom-noman wis padha mbojo.

“Si kae tah mbok anu meteng disit mulane dadi dikawina disit” mbok Ciweng ngomong maring mbok Pur lagi petan ning arep umahku mau awan. Aku sing lagi nggarap tugas sekolah ning umah ya krungu banget angger ana ibu-ibu padha jagongan. Angger padha jagongan mesthi sing akeh-akeh ya nggrendhengi wong. Senajan sing degrendhengi kuwe pancen barang nyata, barang keton ning ngarepe mata mendonong.

“Anu si kae bocah ikuh anu meteng disit deng kae bocah lanang anake si Anu ya?Buktine angger malam minggu sering lunga-lunga dolan mbuh maring ngendi? Dasar bocah siki domongi wong tuwa madan angel. Kon aja njagong ning arep lawang bae padha jawal. Angger penginyongan toli ganu lagi esih nom padha manut maring wong tuwa. Domongi mbok dilamar balik, ya langsung mbesingsat lunga mlebu ngumah, ora jagongan maning ning arep lawang” mbok Darwen cerita maring mbok Ciweng sing lagi dipetani. Pancen mbuh keprimen, senajan wis akeh sampo tapi rambute mbok Ciweng tetap akeh tumane bae. Mulane sering prentah Mbok Darwen kon metani, dikon goleti kor karo lingsa. Angger lingsane ketemu banjur digeget. Klethus monine ya, mantep retung. Tapi angger olih kor utawa tuma deweke langsung digites nganti moni aos.

Mbok Darwen karo Mbok Ciweng terus crita sing mau. Jerene mbok Ciweng, bocah prawan sing mau kuwe seneng lunga klayaban wengi. Gelem dijak lunga-lunga deng gendhakane. Pancen gendhakane malah jerene akeh. Mulane banjur krungu, wis telung wulan ora metu getih abang wong tuwane padha rungsing. Banjur si bocah prawan mau ditakoni deng kaki Miarta. Karo sapa anak wadone kuwe padha dolanan nek wengi. Terus sapa sing gawe anak wadone meteng. Si Menik jeneng anak wadone kuwe urung gelem ngaku. Nganti pirang dina malah ndekem bae ning kamar. Karuan tanggane ya padha nggrendhengi.

Si wong tuwane Menik tambah rungsing. Akhire diundangna Kaki Tibi kon nyuwuk, kon adhem. Akhire si Menik kuwe gelem metu sekang senthonge. Banjur si Menik ditakoni deng sapa deweke dimetengi. Si Menik mung bisa gedhek-gedhekna sirah. Kaki Tibi takon maning tapi si Menik gedhek maning. Wong tuwa lorone tambah koleng weruh anake ora genah kaya kuwe.

Mbekayu Jam sekang njaba langsung mlebu geblus maring umah penasaran. Terus deweke takon maring si Menik. “Nduk, sing dadi gendhakanmu kuwe sing bener sapa jane?si Karyo apa si Jano apa si Darkam? Mengko dadi genah sapa sing metengi kowe?Terus anakmu mengko kuwe sapa?” takone Mbekayu Jam nganti centhok melok ning ngarepe wong tuwa lorone Menik karo Kaki Tibi. Pancen Mbekayu Jam sering menangi angger Menik digawa bocah lanang. Mbekayu Jam sering niteni kapan wayah si Menik mangkat karo si Menik mulih.

Ditakoni Mbekayu Jamilah, Menik malah langsung nangis ning pangkon Mbok Jayem biyunge. Nangise Menik nambah ora nggenahi sebab masalahe. “Ditakoni sapa sing metengi malah nangis. Jawab salah sjine bocah lanang sing metengi kowe. Mengko dadi genah sapa sing kudu tanggung jawab maring awakmu kuwe. Sapa sing kadu gelem dadi bapa sekang jabang bayi ning wetengmu kuwe?Mulane dijawab?” Mbekayu Jamilah sing pancen tegas nakoni Menik.

Sesuwen-suwen si Menik sing umure nembe 16 tahun kuwe malah nangis terus ning pangkone Biyunge. Kaki Tibi mung bisa gawe japa mantra disemburna maring banyu sing njikot sekang jembangan mburi. Bapane Menik, Kaki Miarta malah lagi lunga maring belik golet banyu maning go adem-adem Menik. Tapi kabeh mau ora bisa ngademna permasalahan sing lagi diadhepi.

Banjur ditelusuri suwe-suwe akhire Menik gelem ngaku sapa sing metengi awake dhewek. Tapi banjur wis crita, malah tambah gawe bingung sing ngrungu.  Ceritane si Menik sing bocahe pancen ayu menthili kuwe pancen disenengi bocah akeh. Tapi sing disenengi Menik kuwe mung siji, sing dadi gendhakane dhewek. Sing dadi gendhakane si Menik kuwe si Jano. Dadi kesimpulane wong tuwane Menik, Menik kuwe dimetengi deng Jano.

Si Menik banjur ditakoni kedadian sing sebenere. Banjur Menik crita awake dewek. Sijining dina Menik dijak Jano lunga maring curug sing go plesiran. Awan dina minggu tepate. Menik mbonceng vespane Jano butul gon plesiran mau. Banjur ng kana Jano ketemu batire, ana bocah papat. Terus padha crita-crita, trus padha medang-medang. Jebule sing go medang kuwe anu banyu ciu sing mendhemi. Si Menik ya sing ora ngerti melu nginum. Lah kuwe wektu mendhem kuwe mau kedadian sing gawe meteng si Menik kedaden.

Tapi sing mbingungaken Menik karo keluwargane, pengrasane Menik sing nyenengi Menik waktu kuwe udu mung Jano thok. Kabeh batire Jano sing bocah lanang papat mau juga melu ngrasakna awake Menik. Kuwe artine si Menik kuwe digilir deng bocah lima. Merga isin, seuwise kedadian kuwe Menik meneng bae. Tapi jebule wetenge si Menik selot suwe selot mlekenthus, ertandani deweke meteng. Siki sing dadi bingung Menik karo keluwargane, sapa sing kudu tanggung jawab maring awake Menik?Jano apa kancane sing papat? Padahal berita metenge si Menik kuwe wis nyebar, apa maning saben wengi manuk buwek kae terus bae moni madani Menik.(BERSAMBUNG)

Regane Demokrasi
Kabeh priyayi sing gawene mirasi berita TV utawane maca koran, kayane esih pada kelingan peristiwa nang lapangan Tian Nan Men RRC, gara- gara kepengin ngedegena demokrasi, korbane pemuda sing mati ora etungan.

Terus ana maning, Negara Irak dipaksa nang Negara Gede jere kon demokrasi, sing maune Negarane makmur, ayem tentrem, njur dadi Negara sing ancur lebur, nganti seprene malah dadi negara sing ora genah.

Ana maning nang negarane dewek, nalikane pemimpine ora kepilih dari Presiden, pengikute ngamuk, gedung- gedung pemerintah pada dibakar, kerugiane pira mbuh ora etungan.

Sing tingkate kabupten, nang salah sijine kabupaten nang Jawa Timur, ana calon Bupati sing ora kepilih njur dadi stress, sebabe jere apa- apane wis didol, utange esih pirang- pirang.

Kabeh mau conto sing nang ngarep kuwe sebab mung pada kepengin ngedegena ” Demokrasi ” sing mangsude kekuasaan nang tangane rakyat.

Angger dietung karo banda dunya, wis genah mesti korban nyawa ora bakal bisa dietung karo banda, utawane duwit. Njur sing dadi pitakonan ya kuwe jan-jane rega Demokrasi kuwe pira ?

Tapine kabeh ya ora kaya kuwe, ora kabeh demokrasi kudu ngetokena duwit sing akeh, sebab penulis duwe pengalaman sing bener kedadean, ya kuwe nang Desa Danasari Kecamatan Karangreja mbiyen ( sike melu Kecamatan Karangjambu). Sing dadi Lurah kuwe nyuwun sewune statuse penjaga Sekolah Dasar, umahe cilik. Kepilih masyarakat dudu se babe pada diwei duwit, tapi masyarakat pada ngerti angger wong mau senajan ora duwe tapi jujur, sregep silahturahmi, seneng mbantu wong liya karo ya pikirane madan lumayan manut ukurane masyarakat Desa.

Dadi kesimpulane jan-jane Regane Demokrasi kuwe diarani larang ya larang, diarani murah ya murah. Kuwe mau kabeh gumantung sapa sing kira- kira arep dijokena dadi pemimpin.

Angger sing kepengin dadi pemimpin kuwe wong sing carane ambisi banget biasane wong mau nganggo ” Aji Pokoke kudu dadi ” . Pokoke mbuh kepriwe ya kudu dadi. Lha kiye biasane di dadekena kesempatan nang wong- wong sing duwe maksud ora iklas ndukung sebab seneng maring kualitase tapi pamrihe mbok jere sapa bisa diarah duwite, dadine rega demokrasi larang.

Siki jajal dibandingena karo calon sing kaya tek contokena, ya calon sing pancen disenengi masyarakat, calon sing pancen seneng tulung ora angger ana pilihan tok, calon sing seneng silahturahmi, insya allah regane demokrasi ya murah.

Tapine kabeh – kabeh mau pancen mbutuhena wektu karo pengalaman sing ora sedela. Contone Presiden Suharto ujarku ya dipilih nang DPR ( mbiyen sing makili rakyat ) mimpin Indonesia kurang lewih 30 tahun, masyarakat pada ngrasakena kepenak, apa- apa jere murah, aman pegawean nggo masyarakat gampang.

Bareng ana sing kepengin dadi pemimpin bisa ngojok- ngojoki mahasiswa supayane milih pemimpin sing dipilih nang masyarakat, njur Pak Harto leren, apa Presiden sing dipilih masyarakat lewih apik ?

Tapine kabeh mau barang wis kebanjur Demokrasi pancen kudu mlaku, mung sing kudu dipikirena ya kuwe mbutuhena calon calon pemimpin sing bener- bener lahir batin, ” Siap menang tapi sisan gawe uga siap kalah ”. Dadine undur- undurane tetep masyarakate akur, aman dan ora pada wadan- wadanan. Utawane sing menang ya aja umuk, sing urung menang kudu legawa ngakoni kekalahane.

Angger ulih melu udu rembug, penulis kelingan pesene wong tuwa nang ndesa angger tes ana pilihan Lurah. ” Ya priwe- priwe picek dengkol ya kudu dikukup diraup”. Mangsude, sing kepilih karo botoh –botohe wis ora perlu mbedak – mbedakena kae mbiyen dudu pendukunge, lan liya- liyane.

Muga- muga Purbalingga sing seprana seprene pilihan Bupati, pilihan Presiden, pilihan Gubernur pilihan Legislatif aman, ya muga- muga pilihan Bupati karo Wakil Bupati periode 2010-2015 sing nembe kelakon ya muga-muga pinaringan berkahing Gusti Allah swt. Pinaringan aman lancar lan apa sing dadi programe bener- bener bisa dirasakena nang masyarakat kabeh. Amin. (Djoko Triwinarso, SE)

Bupati Pilihane Rakyat (kolom Ngapak)
Dening : Djoko Triwinarso, SE

Djoko Triwinarso, SE

Meh kabeh masyarakat Kabupaten Purbalingga wis pada ngerti angger tanggal 18 April 2010 dinane Minggu Manis arep ana pilihan Bupati utawane Ndara Kanjeng masa kerja tahun 2010 – 2015.

Sing dadi pitakonan ya kuwe apa masyarakat wis pada ngerti carane milih Pemimpin sing kira- kira bisa nggawa Purbalingga lewih maju maning tinimbang siki. Sebab Kabupaten Purbalingga masa tahun 2005 – 2010 sing dipimpin secara  Dwi tunggal Drs. Triyono Budi Sasongko, Msi lan Drs. Heru Sujatmoko Msi bener –bener Purbalingga wis  dideleng lan diakoni kemajuane  nang Kabupaten tangga , regional lan Nasional. Akeh penghargaan sing tingkate Jawa Tengah Nasional lan malah internasional ( Investor asinge ).

Penulis  ora arep melu sosialisasi Pilkada, sebab kuwe wis ana bagiane dewek, sebab penulis ngrumangsani angger wis ora mangsane ngomong kaya kuwe, nanging mung arep urun rembug priwe carane milih Bupati sing dadi pilihane rakyat. Sebab angger dideleng nang daerah tangga, ujare inyong Bupati esih anyar tur pilihan rakyat pisan, tapi kenang apa isine mung di kuya-kuya, karo didemo kon mudun.

Angger dipikir pancen mbingungi, sing salah Bupatine , tokohe masyarakat sing pada srekal apa masyarakate pancen wis kenang penyakit pokoke.

Nanging seurunge ngrembug kuwe, ora ana salahe mayu pada njajal mbayangaken maring jaman kuna, sejarah wis nyatet pirang pirang wong  dadi pemimpin sing tahu kecatet nang sejarah lan kepriwe akhir critane.

1. Sejarah Indonesia wis nyatet ana Pemimpin sing mung ngendelaken otot utawane kedigdayaan, ya kuwe Ken Arok. Rajane Tunggul Ametung dipateni, bojone direbut, sing akhire terus ninggali dendam kesumat, paten pinaten nganti tekan turun pitu.

2. Pemimpin sing ngendelaken dunyane pirang- pirang, yakuwe Qorun. Sing kunci gudange bae digawa karo keledai 7 esih kaboten.

Rumangsane dunyane pirang- pirang mulane maring sapa bae ora gelem manut. Malah maring Nabi utawane Rosul utusane Gusti Allah bae ora manut. Mulane akhir critane Qorun se anak buahe diancuraken dening Gusti Allah swt.

3. Ana maning nang crita pewayangan sing nggo gambaran,  ya kuwe Raja Duryudana sekang Ngastinapura, dadi pemimpin sebab nglomboni sedulure dewek. Basan Kerajaane dijaluk bali nang Pandawa Lima, akhire malah perang gede sing dijenengi Baratayuda, tiji ti beh ( mati siji mati kabeh )

Dadi intine milih Raja utawane pemimpin sing bakale dadi priyagung sing arep gawe aturan lan pranatan sing tujuane mensejahterakan rakyat kuwe pancen angel. Apa maning wis nang jamane demokrasi kaya siki. Kabeh wong bisa ngomong, kabeh wong bisa janji, sebab wong ngomong siki pancen bebas.

Nanging paling ora ya ana Pemimpin sing berhasil sing dadi anutan utawane conto. Padane nang Purbalingga ya kaya kepemimpinane Pak Triono ( mboten ngalem Pak, wong mpun pensiun masa arep diundakena eselon ), tingkat Nasional ya Pak Harto sing bisa nggawa masyarakat aman tentrem guyub rukun sejahtera ( ingkang sanes mboten usah protes, nyatane bisa 32 tahun mbok bukti hebat ! ), terus ana maning Pemimpin  sing tingkate ora tanggung- tanggung ya kuwe Dunia sisan ora , sapa kira – kira  ? ora nana liya ya kuwe Kepemimpinan  Nabi Muhamad SAW. Jajal bayangaken,  mung nang wektu kurang lewih 23 tahun bisa ngrubah masyarakat jahiliah ( masyarakat bodo ) dadi masyarakat sing MADANI ( sejahtera berdasarkan ahlak mulia ).

Apa kira- kira kuncine ? (mangga yth calon- calon Bupati sami nyonto, supayane mangke masyarakate dadose milih)

1. Syarate ya kudu Sidiq ( jujur ) ,

Pokoke jaman siki apa jaman kapan bae angger dadi pemimpin ora jujur, paling ya mung tahan pirang wulan ( akeh contone , nembe pirang wulan didemo, dihujat lan kon mudun mangkane wragade pirang-pirang  )

2. Amanah ( bisa dipercaya )

Supayane bisa dipercaya mestine ya kudu dikenal nang masyarakat, bisane dikenal masyarakat ya sebab sering silahturahmi ( ora mung arep nyalon tok kenal karo wong ) kiye uga akeh contone jamane pilihan legislatif calon ramah kabeh, sing ora tahu ngguyu dadi sering ngguyu, sing ora tau ngendong dadi sering ngendong, tapi basa dadi kelalen karo inyong ( maaf nggih, niku teng negari astina )

3. Tabligh ( dakwah )

Artine sering ngajak masyarakat maring babagan kebagusan, lan prentah supayane masyarakat aja pada nglakoni larangane agama. Tapine ya kudu nyontoni disit, prentah kon aja pada mabuk, malah deweke senenge mabuk- mabukan. Prentah kon pada sholat pada ngaji, deweke malah ora tahu ngaji.

4. Fatonah ( pinter )

Kepinteran  dadi kunci keberhasilan wong sing dadi pemimpin, utawane sapa bae sing kepengin berhasil nguasani ketrampilan. Buktine   ayat sing temurun sepisanan ya kuwe Iqro (wacanen, sinaua siro kabeh, lan amati alam sekubenge)

Dadi intine dadi pemimpin pancen kudu tanggap ing sasmito marang kabeh sing nang sekubenge.

Banjur  Purbalingga kepriwe, sing sedela maning arep pada milih pemimpin sing kaya ngapa ? Angger nuduhena calon inyong ora wani mbok disemprit Panwaslu.

Nanging  angger masyarakat pengin Purbalingga maju lan terus maju, lan apa sing dadi dadi programe Pak Tri diterusena ya mangga dadi pemilih ya pemilih  sing cerdas. (nang nduwur wis ana conto  sifat-sifat pemimpin sing bisa nguasani dunia)

Dumateng calon Pemimpin ingkang bade majeng nyuwun sewu penulis namung nyuplik dasare sejarah lan Agama. Milo monggo sami ngyakinaken masyarakat, supados panjenengan pikantuk kapitadosan masyarakat lan dados Pemimpin teng Purbalingga dadi Raja sing adil lan wujudaken kemakmuran masyarakat Purbalingga .Amien. ***

Djoko Triwinarso, SE, Mantan Kabag Humas Setda, Pemerhati Sosial Kemasyarakatan.

MARIA (cerita cekak Banyumasan dening Hari Ngapak)
ilustrasi

Jam 22.30. Inyong wis ora kongang nyagak mata. Karepe egin kepingin nerusna nonton pilem barat neng tipi. Mbangane keturon neng lincak plupuh empring, inyong mlebu senthong mapan turu.

Nembe baen slonjor, sekang arah mburi ngumah ijig-ijig keprungu swara radio disetel, swarane kemresek presis kaya glombang MW kaya jaman aganu. Banjur keprungu swara wong wadom enom nyeluk-nyeluk inyong, “Par Gopar, Par Gopar,” lha wong ana swara nyeluk-nyeluk kaya kuwe ya nyong semaur, “Apa.”

Swara wong wadon kuwe njur keprungu maning, inyong ya semaur maning, “Apa Yung?” tek pikir-pikir koh kayong swarane biyunge agi nyeluk-nyeluk inyong. Gagean mlayu sipat kuping mlebu senthonge biyunge, jebule biyunge agi turu karo bapane, gole ngorok mantep pisan.

Inyong nembeke emut, kuwe dudu swarane biyunge. Swarane sapa maning nek dudu swarane lelembut? Inyong mrinding, wulu kalong neng nggithok njegrig. Banjur nyebut asmane Gusti Allah, “Astaghfirullahal’azhim,”

Gagean inyong nylingkrig ngambene biyunge, turu neng tengah-tengahe bapane kambi biyunge. Biyunge dadi tangi.

“Ana apa Par? Wis wengi koh ndadak pecicilan?”

“Lha genah nembe krungu swara wong wadon nyeluk-nyeluk koh, nyong ya semaur.”

“Jebule swarane sapa?”

“Genah ana swarane ora nana wonge koh.”

“Hush…kowe ya luput. Dhonge toil aja semaur, kuwe swara setan. Ngerti swara kaya kuwe disemauri. Mulane angger garep mapan turu maca donga aring Gusti Allah ndhisit, paling sethithik maca Al Faete’ah ping telu,” inyong malah diomeih biyunge.

“Inyong ya ora luput ya. Sapa ngira nek kuwe dudu swara menungsa?”

Bar kuwe, let telung wulan swara sing presis keprungu maning. Sedurunge keprungu uga dewiwiti swara ngosos kaya glombang radio transistor sing nganggo glombang MW.

“Sssssss….. Par … Gopar…. Ssssss Par … Gopar.”

Merga wis ngerti dudu swara menungsa, nyong babar plothas ora nggople. Malah, arah asal swara kuwe tek pendeliki. Nyong ora mrinding sethithik-sethithik acan. Selot suwe swarane ilang karepe dhewek.

Let setahun bar kuwe, eh .. delepen swara kuwe keprungu maning. Wiwitane ya presis kaya sing ndhisit, ana swara ngosose. Nyong uga ora nggople aring swara kuwe.

Seploke kadadian kuwe, seprana-seprene wis ana setaun. Swara kuwe wis ora tau keprungu maning. Inyong wis klalen karo kedadean kuwe, uga wis ora tau nggagas babar pisan.

Biyunge nembe bae bali kumpulan dasa wisma. Dheweke nyritakna dopokane kambi Mbok Dakem.

“Par, mau inyong ngetuprus kambi Mbok Dakem. Dheweke nyritakna anak wadone sing bola-bali diparani wong wadon enom ayu blesteran Landa, jenenge Maria.”

“Lha bocah wadon kuwe anu batir sekolahe apa Yung?”

“Dudu.”

“Lha sapa?” inyong penasaran.

“Engko dhimin, mulane aja cokan nrombol wong tua agi crita,” matane biyunge rada mendelik.

“Lha terus keprimen?”

“Lha mulane meneng. Critane garep diterusna apa ora?” biyunge mutung..

“Ya terusna koh!”

“Pas diparani, Sajem dopokan karo wong wadon enom blesteran Landa, jenenge Maria. Jere, aganu Maria dirudapaksa karo wong lanang jahat. Merga sing ngrudapaksa anu kenal, Maria dadi dipateni. Mayite diguang aring pereng mburi umahe Kaki Sanmiarja.”

Inyong mrinding ngrungokna critane biyunge.

“Lha kuwe Sajem gole diparani Maria anu temenan apa kur neng impen?

“Jere biyunge sih kanan-kanane anu kayong ngimpi, kayong ora.”

“Yung, inyong koh dadi kemutan karo swara wong wadon sing aganu nyeluk-nyeluk nganti ping telu, swara sing keprungu angger inyong garep mapan turu. Aja-aja, kuwe swarane Maria ya Yung?”

“Genah iya koh. Nyong be nduwe pikiran kaya kuwe,” semaurane biyunge.

Miturut inyong karo biyune, ora nana sing jere wong mati ngeton maning. Jere guru agamane inyong jaman egin sekolah, kuwe anu setan sing mujud menungsa.

Merga nduwe rasa penasaran aring critane biyunge, inyong dadi ora sranta kepingin nemoni Sajem, kepingin krungu aring wong sing nduwe crita. Sekang kaca mbalene, Sajem keton agi nonton acara inpotaimen neng tipi.

“Ana apa Par, kayonge koh kedhagar-dhagar nemen gole ngeneh,” pitakonane Sajem.

“Genah inyong bar dicritane biyunge koh. Jere ko sering ditemoni wong wadon enom blesteran Landa jenenge Maria? Deneng kawit gemiyen koh aora tau kandhahan. Kuwe anu keprimen?”

“Genah iya koh Kang. Ya pokoke kayong ngimpi, kayong ora,.” omonge Sajem.

“Lha keprimen sih critane? Nyong koh penasaran banget.”

“Gole diparani angger nembe ngliyeb turu. Kanan-kanane inyong dopokan kambi Maria. Dheweke ngaru-ara kambi nangis mewek-mewek, rikala agi dus-dusan neng kali Wedhus mburi umahe Kaki Sanmiarja, dheweke diperkosa neng tentara Landa, banjur depateni. Mayite dipendhem neng ngisor wit ringin pereng kali.”

“O, dadi kaya kuwe critane. Lha angger dheweke garep nekani kowe keprimen?”

“Rika kemutan jamane radio egin transistor? Pokoke swarane dibarengi swara ngosos kaya golombang radio MW.”

Krungu critane Sajem, githoke inyong dadi mrekinding disco.”

“Lha deneng sih debarengi swara kemrosos kaya sawara glombang radio MW? Inyong apa ora sih, tek etung-etung ana ping telu ketekan swara kaya kuwe. Sedurunge ya kemresek, banjur keprungu swara wong wadon enom nangis mingsek-mingsek kambi nyeluk-nyeluk inyong.”

“Hah, rika ya ditekani? Lha kuwe anu neng impen apa temenan?

“Genah iya koh. Anu temenan, ningen kur krungu swarane.”

Lha rika semaur apa ora?” Sajem takon.

“Lha ya semaur, sapa ngira kuwe dudu swara menungsa. Ningen, sing kepindo karo ketelu nyong wis ora semaur.”

“Aja-aja kuwe swarane Maria ya?” Sajem nyocogna.

“Genah iya koh, nyong ya nduwe pengira-ira sing kaya kuwe. Mulane inyong gagean ngeneh. Ndean kuwe pancen swarane Maria, Jem.”

Inyong karo Sajem dadi njekethet-njekethet.

“Pancen Jem, jerene wong tua-an, pereng kali Wedhus sing presis mburi umahe Kaki Sanmiarja kae pancen angker, ana kunthine. Inyong ngger anu be cokan krungu wong wadon ngguyu cekikikan.”

“Gole ngguyu keprimen jajal?” Sajem takon.

“Ya kaya kae, antara ngguyune menungsa wadon enom karo swara walang kerik lagi ngerik, kik ki kik kik kik …” wangsulane inyong.

“Seh, deneng sih presis karo pengrungone inyong ya?”

Wulu kalong sing neng githok njegrig maning.

“Jem, kanan kanane, Maria kuwe wujude kayangapa?” inyong takon.

“Wujude ayu pisan koh, kaya artis sinetron. Anggon-anggone senenge srawa putih. Kulite pitih resik, irunge mbangir mincis-mincis, dedege dhuwur, rambute lurus dirembyak segeger.”

“Lha ngger nyeluk-nyeluk inyong ndean ya anu garep wadul ya Jem,” jere inyong.

“Iya kuwe, rika anu garep nggo jugang pawuan.”

“Ora usah digople kuwe Jem. Kuwe tuli anu setan sing agi mujud menungsa. Ora kajat, nek ana wong sing wis mati koh teyeng meruih menungsa.”

“Iya pancen, Kang Gopar.”

Mbengi kuwe, kebeneran pas malem minggu. Inyong kambi Sajem mlipir perenge kali Wedhus sing presis mburine Kaki Sanmiarja. Rekane garep nguji nyali nggoleti Maria. Inyong jane ora wedi, ningen ethok-etohoke wedi, ben teyeng ndhempel pundhake Sajem karo ngremed tangane.

Neng perenge kali Wedhus, prsesise neng ngisor wit ringin, mbengi kuwe inyong dadian karo Sajem. Inyong janji nek gelem ngiyomi uripe Sajem, uga kandhah nek garep nglamar pas wulan besar, inyong uga janji garep nggolet gawean apa baen, sing penting khalal, dadi kuli tagog ya gelem. Uga, inyong janji garep mareni nenggak gepengan.

“Ya age-age baen nggolet gawean Kang, ben gagean teyeng ijab”

“Beres Jem.”

Sajem ora nolak, karo apa sing tek kandhahna. Adhuh, inyong bungahe jan. Rembulan sing agi njedhul sethithik-sethithik nginggeng rikala agep ngambung lambene Sajem. Jebule, Maria uga ora gelem kalah karo rembulan. Dheweke uga melu nginggeng sekang ngisor wit so karo ngguyu cekikikan. Kik kik kik kk kik …. inyong dadi wurung. Asem, Maria ngriwugi lho.

Yogya, wulan ngampret 2005

(Matur nuwun  Kang Hari kanggo ijin ‘pemuatane’, lan muga-muga cepet dadi buku. Amien)

Dopokan Jajanan Banyumasan kambi Kang Fajar Sopsan
Fajar Sopsan

Oleh Hari Ngapak

Warga ngapak-ngapak akeh sing wis padha tepung karo Kang Fajar Praptono, salah sijine personel Grup “Sopsan Gitu Loh” (liyane Gope Sopsan karo Soto Sopsan), sing sedina-dinane mulang neng SDN 2 Pernasidi Cilongok, sing lewih kondhang karo paraban Fajar Sopsan.

Dheweke warga Praketa sing manggon neng Perumahan Tanjung Elok, kondhang makonang-konang neng tlatah ngapak-ngapak lantaran tembang-tembang guyonan Banyumasane sing debarungi kambi irama dhangdhut. Album VCD sing wis dibabarna: Narkoba (2004), Badha-Wawawa (2005) karo Koplak Bis Purwokerto (2007). Tembang-tembang sing kesohor kaya dene Wil Gentawil Gek, Nonton Lengger ksp (karo sepenunggale) Wonge pancen jan, mbanyumaaas buanget!

Dheweke bungah banget angger deaseng dopokan bab budhaya Banyumas. Merga inyong kerenteg banget kepingin dopokan bab kuliner khas Banyumas, dina Rebo tanggal 16 Desember 2009 ba’da maghrib, inyong merdhayoh meng umahe.

“Dhog, dhog, dhog…. Kula nuwun,” rikala kori umahe tek dhodhog-dhodhog, wong lanang gering aking sing kayonge kambi kluargane nembeke padha nyore manggakna inyong kon njagong.

“Keprimen kabare Kang, apik-apik baen mbok?” tangane inyong tek ulurna ngaseng salaman.

“Alhamdulillah, rika keprimen Kang Hari?” dheweke mbales uluran tangane inyong.

“Alhamdulillah, apik-apik baen. Kiye Kang, inyong kepingin dopokan bab kuliner khas Banyumas. Inyong ora garep ngaseng dopokan panganan sing egin kondhang kaya bangsane mendhoan, dhage karo lemed. Ningen panganan sing wis ora tau keprungu utawa meh ilang, angger tumandang keprungu, wis arang-arang degawe karo depangan ngewong.”

“Seh, inyong sih mayuh-mayuh baen,” Kang Fajar Sopsan gumregah pisan, “Gyeh… agi dhong gathot egin bujangan menek wit glugu. Tekan pucuk wit dheweke derubung semut, banjur gageyan medhun mak gesret, tiba kepengkok, menyat banjur mlaku cinggik… cinggik….. Biyunge sing weruh sekang njero ngumah atine trataban ngerti anake gole menek glugu mlorot. Karo kedhagar-dhagar dheweke mak regedeg mbukak kori slerekan. Banjur ngluruhi, penjorangan kowe yah! Bocah koh merekna gawe ati wong tua trataban. Uwis-uwis, golene penekan!”

“Lha, rika sih keprimen? Wong deaseng dopokan koh malah nglantur ndongeng si Gathot sing mlorot gole menek wit glugu. Kang…. Kang… rika sih keprimen?” inyong protes merga ora sranta kepingin gelisan miwiti dopokan bab panganan.

“Rika malah ngarani inyong nglantur?” Kang Sopsan balik protes, “Mbokan inyong wis miwiti crita bab panganan?”

Rumangsane inyong, siki Kang Sopsan dadi pikirane owah. Ningen ora let suwe bareng depikir-pikir, pancen Kang Sopsan wis nyebut aran panganan neng dongenge mau.

“Pangapurane, rika jebule pancen wis miwiti dopokan panganan,” inyong nembeke mudheng.

“Mulane, depikir ndhisit. Aja kesusu gole mecucu!” inyong dependeliki, “Gathot, bujangan, gesret, cinggik, regedeg, penjorangan kao uwis-uwis tuli arane panganan khas Banyumas?”

“Ha ha ha…,” inyong ngguyu lakak-lakak nganti tangga teparone kang Sopsan padha krungu, jebule aran panganan khas Banyumas pancen merguyokna pisan. Ari gathot karo gesret sih inyong mudheng. Ningen nek bangsane bujangan, regedeg, cinggik, penjorangan karo uwis-uwis inyong tah nembeke krungu. Sing nggumuna pisan, aran-aran panganan sing kaya kuwe mau bareng desambung-sambung teyeng dadi ukara!

“Kang, panganan-panganan kuwe sih kaya ngapa?” ora isin-isinan inyong takon, wong dhasare anu ora mudheng.

“Bujangan kuwe boled derawun. Regedeg kuwe ondhol-ondhol sing njerone ora nana juruhe degoreng terus desindiki. Cinggik kuwe parudan boled, terus tengahe desogi gula jawa terus detum “segi tiga,” banjur derawun. Penjorangan, kuwe kupat sing deglepungi banjur degoreng. Uwis-Uwis, kuwe tape deglepungi banjur degoreng,“ wangsulane Kang Sopsan.

“Banjur apa maning kuliner khas Banyumasan Kang?” neng ngarepe Kang Sopsan, inyong dadi sengsaya krasa goblog bab kuliner khas Banyumasan.

“Geh, wong Banyumas tuli wong sing paling ora memper merga wong sing kreatip pisan.”

“Lha kreatip keprimen sih Kang?” inyong dadi wadheh banget karo Kang Fajar Sopsan, lha dekon nyebutna kuliner khas liyane koh malah ngarani kreatip pisan.

“Lha ora nggragas keprimen? Wong Banyumas kuwe kanibal. Doyan mangan jenise menungsa sing jenenge gathot, menungsa lanang sing egin bujangan karo randha royal!”

“Ha ha ha…. “ inyong golene ngguyu cekakakan seru pisan, bodhoa ngger tangga-teparone padha gebrebegen.

“Geh, untune wong Banyumas kuwe kuwat-kuwat lho. Lha wong wortel, beton karo balok koh depangan? Iya, mbok?”

“Pancen Kang. Wortel tuli semen, beton kuwe wiji nangka, balok kuwe gorengan boled. Kuwe tembung-tembung sing ana uga neng babakan bahan kontruksi gedhong,” inyong nyekeli weteng sing kaya garep kram merga kepingkel-pingkel.

“Turan, wong Banyumas kuwe njijihi pisan. Lha wong tai kucing, bol …., upil …., unthuk cacing karo pipis koh ya depangan?”

“Ha ha ha……. Pancen, pancen Kang, ha ha ha….. Lha kuwe sih panganan apa Kang?”

“Tai kucing padha baen karo kuwe gabus, Bol …. kuwe kweku, Upil ….. kuwe kwaci. Pipis kuwe lemed.”

Kang Fajar Sopsan banjur ngemut-emut panganan liyane kaya dene gubed, panganan sing kaya ondhol-ondhol ningen njerone isi ampas tahu. Banjur dheweke nyebut aran panganan liyane sing medeni pisan, ya kuwe ndhog mbledheg, panganan kiye jebule kur modifikasine themlek. Wujude, bahane karo cara nggawene padha baen, ningen kur lewih gedhe sekang themlek. Kampelan, kupat karo dhage sing dekampelna, deglepungi banjur degoreng.

Egin umyek-umyeke dopokan, ijig-ijig ana dhayohe Kang Fajar Sopsan teka. Inyong sing wis merdhayoh kawit mau banjur pamitan bali, ben dhayohe sing nembeke teka teyeng gentian merdhayoh. Kang Fajar Sopsan janji karo inyong, garep ngemut-emut aran panganan khas Banyumasan maning sing janen egin ngadhug-adhug.

Kang Fajar Sopsan pancen teyeng dearani Budhayawan Banyumas. Merga lanyah pisan ngger deaseng dopokan ora kur bab kuliner khas Banyumas, uga bab kesenian onen-onen, gambar karo cathetan khas Banyumas.

Kang Sopsan medhun sekang panggung, nembeke baen nembang Wil Gentawil Gek. Dheweke detanggap neng wong mbarang nggawe sing uga tanggane inyong. Delepen, egin karep dopokan bab panganan khas Banyumas. Inyong sing lagi glidhig dadi decereki.

“Geh, Kang Hari.. kur neng Banyumas thok sing ana genoh arane Karangnanas, Karangbawang, Kedhondhong, Karangjambu, Karangaren karo Karangcengis. Manggua dadi siji, tuli teyeng demekarna dadi Kecamatan RUJAK.”

“Ya ngonoh rika baen sing dadi Camat RUJAK.”

Inyong sing lagi nggawa baki isi wedang kopi, nganggo kathok ireng, hem putih karo kuplukan dadi ngguyu nyekakak. Gelas sing neng ndhuwur baki dadi padha moni pating klunthing merga benthikan.

“Kur neng Banyumas thok, ana genoh sing arane Karangnangka, Pagedhangan, Dhukuhwaluh karo Sitapen. Manggua kembul dadi siji, toli teyeng dearani Kecamatan KOLEK.

“Ha ha ha ….. Ya rika ban sing dadi Camat KOLEK.”

“Kur neng Banyumas thok… Arep ‘juice’? Bera! Merga ana Karangduren, Karangjambu, Kalisalak, Sawoan (Sudimara) mbangkan… Pajerukan. Pokoke teyeng nggo Kesegeran (Cilongok)”

“Ha ha ha….Rika aya-aya wae gitu lhoh!”

“Garep cowel?” Ana Karangturi, Bayeman (Jatilawang) karo Karanggandhul. Arep lalab? Ana Karangjengkol, Cipete karo Peterongan (Panusupan). Mbangkan, ari rika nduwe penyakit, wis ana Pangebatan (Karanglewas) alternatif. Kurang apa jajal? Kur Banyumas thok … ana Karanganjing, Kedhungbantheng, Kali Pelus, Pritgantil, Cikidang, karo Cibangkong. Arep turon? Ana Kali Kesur. Ngangsu kawruh? Ana Kali Mengaji. Kur neng Banyumas thok, kurang apa jajal?”

Owalah, Kang Sopsan .. Kang Sopsan….

Praketa, 17 Desember 2009

(Tulisan ini sebelumnya dimuat dalam Catatan Facebook Hari Ngapak. Agar dapat diketahui ‘khalayak Banyumasan’ lebih luas kami muat ulang di sini. Dan pemuatan tulisan ini sudah ‘dipersilahkan’ oleh Kang Hari Ngapak di komentar Catatan Facebook-nya. — Redaksi)