Nguri-uri lestarine basa panginyongan kudu nganggo media

Ditulis 22 Apr 2016 - 00:12 oleh Banyumas1

Plestarian utawané nguri-uri basa karo budaya lokal (Penginyongan), kuwé ora gawé kasil tumrapé pihak swasta sing padha duwé modal ningén nang uteké mung mikirna bathi sing wujudé dhuwit thok (kaum kapitalis). Ora liya maning, sing debedag-bedag déning kaum kapitalis mau ora liyaha ya sakamubarang sing bisa gawé tikel-matikelé kasil nang babagan ekonomi thok. Pantesan baén budaya kapitalis kuwé ora nana liréné, malah kebanjur anggoné ngiles-iles apa baén sing ana gandeng cenengé karo budaya lokal.

“Pemrentah karo masarakat ora usah ngarepna utawané ngendelna nimbrungé pihak swasta sing sugih dhuwit, bajur dhéwéké awéh modal kanggo nguri-uri basa uga budaya Jawa. Mula saka kuwé, sawetara kaum kapitalis ora cawé-cawé jalaran dhéwéké mung mretungna untung rugi kanthi nalar ékonomi, pemrentah sing kadu ngréok bagian sing penting lan utama. Yakuwé nang babagan nangani basa karo budaya lokal,” kuwé miturut ngendikané Kepala Balai Bahasa Jawa Tengah, Drs. Pardi Suratno, M.Sc, nang Seminar Basa Penginyongan, méngeti 6 taun Ancas Kalawerta Penginyongan, (16/4/16) kepungkur nang gedong LPPM Unsoed Purwokerto.

received_10206136761274223Decontoni dening Drs. Pardi, masarakat Jawa umumé, wis ora akéh sing paham maring kabéh tembung uga ukara (kosakata) basa Jawa kanthi méh padha karo butuhé (memadai). Akibaté, kanggo ngomong karo basa Jawa (Penginyongan), wong-wong ora duwé kosakata basa Jawa sing cukup. Sawetara kuwé, wacanan sing nganggo basa Jawa nang Jawa Tengah umumé meh langka babar blas. Masarakat ora tau olih bahan kanggo sinau sing preluné kanggo nambah uga mepekna kosakata basa Jawa mau.

“Sekiyé siji-sijiné kalawerta sing nganggo basa Jawa nang Jawa Tengah, ya mung Ancas. Kuwé baén nganggo basa Jawa dialék Penginyongan sing nyebaré mung segupleké Banyumas Raya. Mbanéngan, basa lokal ora bakalan bisa langgeng kejaba ana wadah (media) sing kena kanggo njaga lestariné ,” ngendikané Drs. Pardi, kanthi nandes.

Nang babagan kiyé, ujaré maning, sing debutuhna yakuwé anané kalawerta nganggo basa jawa, sing wujudé majalah utawane koran, uga wacanan sastra sing nganggo basa Jawa sing kwalitasé adi luhung, uga wacanan Jawa liané sing depolés kanthi maén. Preluné kanggo ngimbangi semangat lan watek masrakat Jawa nang jaman sekiyé.

Nang seminar mau, uga nekakna nara sumber liané, kayadéné Prof. DR. Teguh Supriyanto, M. Hum (dosen UNES) karo Prof. DR. Sugeng Priyadi, M.Hum, (dosen Universitas Muhammadiyah Puwokerto).

Nang makalahé, DR Teguh kejaba medarna kasil penelitian sing nidokna kasunyatan masrakat Jawa anggoneé ngugemi basané dhéwék kuwé tambah mlorod. Dejelasna, ana pirang-pirang jalaran sing gawé mlorodé loyalitasé bocah enom utawa masrakat anggoné ngugemi kususé basa Penginyongan. Yakuwé anané rasa ora penak uga ora sreg (gengsi). Angger nganggo basa Penginyongan tumrape bocah nom nalika dhéwéké lagi ngéngér utawané kuliah nang kuta gedhé. Jalaran wong-wong sing dejak pangandikan ora kabéh ngerti basa Penginyongan.

“Faktor liané sing nyebabna mlorodé loyalitas kaluwarga Jawa maring basa Jawa, umpamané wong tuwa utawane bocah nom, yakuwé dhéwéké padha ora sadar minangka basa kuweé nidokna watek sejatiné masrakat (identitas). Umpamané, identitas budaya Penginyongan yakuwé guyub lan égalité.” Jarémongé DR Teguh anggoné ngudal kaweruh kanthi ringkes ningen teges.

Banjur nang sambutan sedurungé seminar, Begawan Ahmad Tohari, sing makili Yayasan Carablaka, dhéwéké medarna kanthi cetha babagan uripé basa Penginyongan kuwé kadu deniati saprelu mélu mbangun watek Bangsa Indonesia.

“Jalaran wateké basa Penginyongan kuwé krakyatan sing ora mbédak-mbédakna siji lan sijiné wong (egaliter).”

Dejelasna maning, basa Solo utawa basa Wétanan ya prelu dengerténi, Basa Indonesia ya kudu pinter. Basa Inggris angger jegos malah dadi apiké. “Ningén, inyong kabéh aja nganti kelalén apamaning ora jegos karo basané dhéwék. Banjur sapa sing arep nguri-uri basa Penginyongan angger dudu awaké dhéwék?” ujare Begawan Banyumas awéh pitakonan sing ora prelu dejawab karo omongan, mungkasi sambutané. (Hamidin Krazan/Keterangan foto:Drs Pardi, Kepala Balai Bahasa Jawa Tengah nyerahaken Kamus Bahasa Penginyongan edisi Luk maring Ahmad Tohari wakil pengurus Carablaka)

Tentang Penulis

Leave A Response