FAJAR PRAPTONO alias Fajar Penuh Ceria alias Doyok ini sebenarnya lebih dikenal sebagai pemusik humor. Pria yang berprofesi sebagai Dosen SD ini juga menulis geguritan. Geguritan yang dibaca dan divideokan secara sembrono ini sempat dilempar via tautan ke netters FB. Meski humoris, terlihat tema geguritan yang dipilih Kang Doyok sangat serius.
Negara Gubes
Nang Negara gubes,
Kabeh sarwa gubes
Ana ora nana pangan…gubes
Tangga nebasna pete….gubes
Si Karsim, nandur duren nang tritikan,
ya gubes
apa maning si Daplun,
ora taren ora poyan,
ora segu ora wahin,
kayong getol goli mbedhogi tanduran
lha ya…sing dadi tangga,…gubes
jaaan, pancen………..abong – abong negara gubes
kabeh sarwa gubes
kaki Sanmiardja munggah dadi RT…….gubes
putune nini Nawen
nyolong dalan bocah….gubes
apa maning kaya agi dhong ndhing wingi
nang radio moni wara – wara,
“Polisi telah menemukan
Sepucuk senjata di rumah Kartim”
Tangga teparo tambah gubes
Ujare nini Tarsiwen kambi dleming…..
”Lha wong mbeke nemu pucuke
be koh wis reang,
apa maning nemu butul bongkote…..”
lha ya, ora sengsaya goli……………gubes
nang negara gubes,
kampung sega ndhog alias maregi
gang delep
kabeh sarwa gubes
ningen wargane akeh sing ahli alias lihai
nang babagan sulap
ana sing teyeng nyulap
rai nggethingi dadi rai melasi
ana sing teyeng nyulap sawah dadi umah…
ana sing teyeng nyulap latar
dadi pasar
ana sing teyeng ngilang sekang kodhean
ningen juragan ora gotak
ana sing teyeng ngilangna tugu
ana sing teyeng ngilangna wit
malahen uga ana sing teyeng
ngilangna motor neng gili
jaaaaaaan pancen………abong abong si negara gubes
ewa semana…….
inyong tetep acung jempol
aring kaki Sanbasri
jalaran deprentah kon madhang
lha koh malah kethepelan menek
angger udu delep, apa arane ???????
ningen bener…….
merga kaki Sanbasri tukang kedhuk sumur
nang negara gubes
kabeh sarwa gubes
mula kaya inyong sing mung jejere blekethir
wong bodho,
ora lihai ngapa-ngapa
mung teyenge ndonga
moga-moga warga Negara gubes
klebu para tukang sulape
nduweni krenteg,
nyulap Negara gubes
dadi anteng, jenjem, adhem, ayem,
tur gemah ripah loh jinawi
tata titi tentrem kerta raharja
sewargane
ora mung gubeeeeess bae.
pwt, 71109
Leave a Reply